Bagol : No…Kasno…! (Bagol mereki Kasno sing agi ndeleng-ndeleng VCD campursari karo dangdut).
Kasno : eh… kowe gol! Ujarku sapa, wong pernahe wetenge menthot-menthot kaya isi kendhil. Ha..ha...ha... (Kasno ngguyu lakak-lakak karo salaman maring Bagol, tapi ora berpelukan kaya Teletubies).
Bagol : Agi ngapa koh?
Kasno : Lah kiye agi ndeleng vcd mbok ana sing cocog.
Bagol : Oh…kaya kuwe!
Kasno : Tek sawang ketone kowe siki wis makmur ya?
Bagol : Lah biasa bae No… mung dadi kuli nang Jakarta kiye. (Bagol mbenerna celanane sing mente-mente).
Kasno : Kuwe keton, pipine siki gembil, wetenge mblegendhing. Kuwe pertanda nek wis makmur.
Bagol : Sawang sinawang No…! Eh ngomong-ngomong kowe kerja nang endi siki No…?
Kasno : Inyong kerja nang pemrentahan. (Kasno guli ngomong ora menjeb ora mesem, keton serius guli ngomong karo nyedot udude sing nang tangan)
Bagol : enak ya kerja nang pemrentahan...
Kasno : Enak kepriwe sih?
Bagol : Ya enak lah, kerjane mayar kadang njagong antuk-antukan, bayarane wis jelas malah sripilane lewih gedhe...Sing jelas pensiunane kena ngggo masa depan mbok?
Kasno : Wis cukup kowe guli ngumpruk?
Bagol : Lah kenyataane mbok kaya kuwe... mulane pada dibelani pada adol sawah nggo nyogok bot-bote kepengin kerja nang pemrentahan. Ora kaya aku serba maju dengkul.
Kasno : Kowe ya pekok..!
Bagol : Lah deneng sih pekok?
Kasno : Inyong mau durung rampung guli njelasna...
Bagol : Ya bener kaya kuwe mbokan?
Kasno : Salah...! Ora ana sing bener babar blas!
Bagol : Njur...? (Karo ndomblong...)
Kasno : Mulane angger ana wong ngomong dicerna dhisit! Aja gugup disaut bae! Ket biyen kowe jan ora ana rubahe. Ana wong ngomong disaut bae…! (Kasno nerusna omongane)
Kasno : Inyong kerja nang pemrentahan, maksude nek ana sing prentah embret (kerja) ya mangkat nek ora ya ora. Tegese nek ana sing prentah embret terus tek tandangi brati inyong ulih bayaran, nek ora ya. Dadi bayarane ora mesti.
Bagol : Oalah... mau ngomong kerja nang pemrentahan ujarku dadi pegawai negeri (PNS). Jebule kerja serabutan ya...?
Kasno : Lah diarani serabutan ya kena. Ya men bae, arep kerja dadi kuli pasir, dadi tukang ngaduk ya ora papa! Prinsipku sing penting halal, ora KORUPSI...!! (Karo mendelik).
Ngerti nek Kasno wonge dugal, mbok nganti kebanjur munjuk, Bagol terus ngejak mangan nang warteg.






.gif)
.gif)

